Halaman Utama

Friday 4 December 2015

Pingin Numpak Pesawat

Sak plok'e pindhah seko ndeso nyang kutho, Suhad rejekine lancar, saiki wis dadi wong sugih, gur medhite ra ilang ilang .

"Pak awak'e dhewe ki duwit wis akeh, ningo aku  pisan ae rung tau numpak pesawat..!!" Jare Suidah bojone Suhad

"Larang..!! Rasah ae..!!" Suhad mangsuli cekak aos.

"Nganggo duwitku celengan turahan blonjo ae yo Pak...!!"

Ora sepiro suwe Suhad karo Suidah wis tekan bandara Juanda arep nyarter pesawat Heli, di temoni Risomdo pilote.

Cocok soal bayarane carter pesawat Heli, Risomdo terus ngomong.

"Numpak pesawat syarate kudu meneng Pak, nek nganti omong sak kecap ae sampean tak dendho 1 juta, rong kecap rong juta, ningo nek ora omong tak wenehi duwit 5 juta..!!" Risomdo njelaske syarate

"Cocok pak..!! Gelem aku..!!" Jare Suhad

Wong telu wis neng njeron pesawat, terus Risomdo mulai ngeburke pesawat Heli ne.

Bareng wis mabur Risomdo mulai gawe manuver, pesawate di enggok2ke ngiwo nengen ngiwo nengen, malah nganggo jungkir balik barang.

Kiro kiro sak jam heli wis ndarat..

Karo ngguya ngguyu Risomdo marani Suhad..

"Wah Pak Suhad hebat, ora ngomong blass, iki hadiahe 5 juta..!!" Risomdo omong

"Sak jane aku mau arep omong, ningo wedi di dhendho.." Jare Suhad

"Arep omong opo Pak..?" Risomdo takon

"Bojoku ceblok...!!" ...😀

No comments:

Post a Comment

Silahkan berkomentar sesuai tema, gunakan kata-kata yang bijak dalam berkomentar (no iklan, no porn, no spam). Komentar yang menyertakan link aktif, iklan, atau titip link, akan dimasukan ke folder SPAM. Terima Kasih.